Banyu
sing ngalir ing cerita uripku. .
Banyu
sing netesi atiku, banyu sing ngalir ing dina-dinaku, ngalir nglewati arus kang
deres, padha kaya uripku.
Banyu urip, banyu katresnan, banyu kekancan nyawiji ing crita atiku. urip iku umpamane kaya banyu sing ngalir terus. Banyu sing deres menehi dorongan kanggo arus supaya banyu iku bisa ngalir padha kaya urip awake dhewe kang mbutuhake dorongan kanggo nglewati arus urip.

banyu
tresnaku, .
sepisan aku ngrasakake apa sing jenenge tresna. Tresna karo karo bocah lanang sing saktenane durung aku kenal banget. Nalika pisanan aku ketemu, aku durung duwe rasa apa-apa marang dheweke, isih adhem ayem ora ana rasa. Nanging, tanpa sadhar, ana perasaan aneh sing aku dhewe ora ngerteni saktenane kuwi rasa sing kepiye. Aku rada kuciwa karo sikepe dheweke sing isih kaya cah cilik, seneng golek perhatian lan rada cemburuan. Aku ora ngerti apa sing sebenere ana ing pikirane dheweke, aku sing durung dadi sapa-sapane nanging dheweke kadhang kala ngrasa jengkel nalika aku lagi gojekan karo kancaku lanang liyane.

Nanging
kabeh kuwi mau ngubah cara pikirku, nalika ing atiku ngrasakake ana rasa sing
ngganjel. Aku ngarasakake kangen nalika ora ‘SMS’an karo dheweke, kangen nalika
nesu, kangen nalika eyel-eyelan sing sebenere merga masalah ora penting.
Nanging kabeh mau krasa kaya ilang yen aku suwi ora tepung utawa mung sekedar
‘SMS’an karo dheweke. Aku ora ngerti apa iki sing diarani lagi nandang
kasmaran. Nanging nalika wengi iku dheweke sms kaya mangkene, atiku dadi ngrasa
‘campur aduk’.
“aku wis suwi tresna karo kowe. Nalika sepisanan awake dhewe ketemu, aku seneng banget. Wengi iki, aku pengen ngomong jujur karo kowe, saktenane aku duwe rasa karo kowe, aku pengen kowe dadi kanca ing atiku. Apa kowe gelem nampa katresnanku iki?” Kuwi isi SMS saka dheweke.

Aku
kaget banget nalika ngerti yen dheweke SMS kaya mangkono. Akhire, aku ora bisa
ngapusi rasaku dhewe yen saktenane aku uga nduweni rasa sing padha karo
dheweke. Sepisan iki aku ngrasakake rasa tresna kang endah. Aku entuk cah
lanang sing apikan, perhatian banget karo aku, lan aku seneng banget bisa kenal
karo dheweke.
Nalika
aku lan dheweke lunga mlaku-mlaku ing Malioboro, aku lan dheweke ngrungokake
lagu kang dadi katresnan awake dhewe. Lagu sing lirike “lintang-lintang lan
rembulan rungokna swara ning 
aku sing nandang kasmaran,
Sayang-sayang sing tak sayang.
Kangen-kangen, kangen ning atiku
Endahing wengi iki,
aku tansah kelingan,
nyawang sliramu lan sesandhingan
tresnane atiku mung kanggo sliramu. .”
aku sing nandang kasmaran,
Sayang-sayang sing tak sayang.
Kangen-kangen, kangen ning atiku
Endahing wengi iki,
aku tansah kelingan,
nyawang sliramu lan sesandhingan
tresnane atiku mung kanggo sliramu. .”
Sakwise
lagu kuwi rampung, aku lan dheweke banjur mulih. Dina-dina sing tak lewati karo
kowe krasa endah, senajan ana perkara cilik sing ana ora dadi apa. Nanging
nalika aku lan gandhi wis beda sekolah, ora ngerti ngapa kok akeh perkara cilik
liya dadi sering teka. Aku ngrasa ora cocok maneh karo dheweke, amarga sikap
lan sifate wis beda adoh ora kaya biyen. Aku ora pengen masalah iki tambah dadi
gedhe. Aku lan kowe kenal kanthi cara apik, lan aku pengen, yen ta kudu pisah
ya uga kudu tetep apik. Aku ora kepengen tali silaturahmi pedhot mung gara-gara
perkara sepele.
Kowe, cah lanang sing bisa gawe aku ngrasakake tresna kang sepisanan ing atiku dadi kenangan kang endah.
Kowe, cah lanang sing bisa gawe aku ngrasakake tresna kang sepisanan ing atiku dadi kenangan kang endah.
Iku
gambaran sithik crita urip kang padha kaya Banyu sing ngalir. urip iku seumpama
kaya pengalaman sing dirasakake, Rasa susah, seneng lan sedhih ana ing uripku.
Padha kaya crita kekancanku nalika aku isih cilik tekan saiki.
nalika
isih cilik aku duwe kanca jenenge Nita. Nita iku kanca sing paling raket karo
aku. Aku tansah crita apa wae sing dadi unek-unekku karo Nita. Wiwit cilik
tekan saiki, sekolahku mesthi padha karo dheweke, nanging aku lan dheweke arang
sekelas banreng. Nita wis tak anggep kaya sedulur dhewe kanggoku.
Kancaku
kabeh sing raket ro aku, wis tak anggep kaya sedulurku dhewe. Aku bersyukur
banget duwe kanca kang apikan lan perhatian karo aku. menehi dukungan lan
semangat nalika aku ana masalah. kadhang kala aku asring ngrasa sedhih nalika
ora ana kanca raketku ning sandhingku. Rasane kaya-kaya ora ana sing nguatke
nalika aku lagi sedhih. Nita salah sawijining kanca kang apikan karo aku. Akeh
kedadeyan sing tak lewati bareng dheweke.
Hmmm.
. .iki jenenge urip kaya banyu. Ora tau mandheg yen ta durung tekan papan kang
kang bakal dadi papan akhir urip. Aku tansah ngaturake panuwun marang Gusti
amarga aku nduweni urip kang endah, kang kebak tresna, lan crita urip
werna-werna kang endah. Nuwun Gusti Allah. . .